Ater - ater

Ater-ater iku wuwuhan kang dumunung ing sangareping tembung lingga ing pacelathonan . Yen ing basa Indonesia diarani awalan, yen ing basa Inggris diarani prefix. Tembung "prefix" kadadeyan saka tembung lingga fix kang nduweni teges "nambahi" lan ater-ater "pre-" nduweni teges "sadurunge".
Tuladha: daktuku = dak + tuku = aku sing tuku
Ing basa Jawa, ater-ater iki kabagi dadi telu, yaiku: hanuswara, tripurusa, lan ater-ater liya 
 
 

Hanuswara

Ater-ater hanuswara uga diarani ater-ater kang nganggo swara irung amarga swarane kang mbrengengeng . Kang kalebu ater-ater hanuswara yaiku an, any, am, ang . Ater-ater hanuswara lumrahe ateges solah tingkah utawa nindakake pagaweyan . Ater-ater uga lumrah mratelakake tembung "tanduk" (aktip).
Tuladha: am + watu = amwatu = matu -(p, luluh)
             an + tandur = antandur = nandur -(t, luluh)
             any + cakot = anycakot = nyakot -(c, luluh)
             ang + wetan = angwetan = ngetan -(w, luluh)

Tripurusa

Ater-ater tripurusa yaiku ater-ater kang mujudake sesulih purusa. Ater-ater tripurusa iku kosokbalene ater-ater hanuswara. Beda karo ater-ater hanuswara, dene ater-ater tripurusa mratelake tembung "tanggap" (pasip)  Cacahe ater-ater tripurusa ana telu, yaiku tak, ko, di.
Tuladha: dak + pangan = dakpangan
             ko + pangan = kopangan
             di + pangan = dipangan

Ater-ater Liya

Ater-ater saliyane ater-ater hanuswara karo tripurusa cacahe ana 13, yaiku sa, pa, pi, pra, tar, ka, kuma, kapi, kami, a, ma, pan, pang
Tuladha: sa + esuk = saesuk = sakesuk -(wuwuh k)= siji
             pa + emut = pemut
             pi + kukuh = pikukuh
             pra + jurit = prajurit
             tar + waca = tarwaca = terwaca
             ka + jupuk = kajupuk -(dijupuk= njarag)
             kuma + wani = kumawani -(luwih)
             kami + tengeng = kamitengeng (en)
             kapi + luyu` = kapilunyu

0 komentar:

Posting Komentar