Tokoh bambangan

Tokoh Bambangan kuwi ora nunjuk salah sawijining tokoh tertamtu kayata Bambang Irawan, Bambang Priyambada, Bambang Wijanarka, Bambang Wisanggeni, Bambang Swatama, Bambang Senggotho, lan liya-liyané. Ing pakeliran Wayang Kulit lan Wayang wong tokoh bambangan biasané luruh artiné rainé nunduk (ora ndengak) prawakan cilik (mbambang). Bambangan kuwi minangka simbolisasi saka tokoh ksatria kang pasuryané gantheng kang sarwa alus ing sabarang solahé, kayata: solah bawa, wicara, pocapan, lan budi pekertiné.

Tokoh-tokoh ksatriya kang kagolong bambangan yaiku antarané:

  1.     Sumantri,
  2.     Rama,
  3.     Laksmana,
  4.     Palasara,
  5.     Pandu,
  6.     Arjuna,
  7.     Abimanyu,
  8.     Irawan, lan
  9.     Priyambada.

Tokoh-tokoh wayang gagah kaya déné:

  1.     Gandamana,
  2.     Salya,
  3.     Bima,
  4.     Gathutkaca,
  5.     Antareja,
  6.     Kakrasana,

kuwi ora bisa disebut bambangan, sanajan kagolong ksatriya.

Gandhèng cènèngé karo perang kembang utawa Bambangan-Cakil, tokoh-tokoh gantheng kang prawakan cilik lan rainé ndengak (tradisi wayang nyebutké "longok" utawa "lanyapan") ora bisa disebut bambangan kayata:

  1.     Karna,
  2.     Nangkula,
  3.     Sadewa,
  4.     Truthajumena,
  5.     Narasoma,
  6.     Narayana,
  7.     Wisanggeni, lan
  8.     Samba.

0 komentar:

Posting Komentar