Geguritan

Geguritan yaiku wohing susastra kang basané cekak, mentes lan éndah. Geguritan asalé saka tembung "gurit", kang ateges kidung utawa tulisan kang awujud tatahan. Déné gegutitan ing kéné, ateges rumpakan kidung kang mawa paugeran gumathok, yaiku:



Lukisan Walmiki pinuju nggurit epik Ramayana.
  • Cacahing gatrané ora tartamtu, nanging apese 4 gatra.
  • Saben-saben sagatrané guru wilangan lan guru lagu padha waé, runtut mawa purwakanthi guru swara.
  • Lumrahe kabuka utawa kawiwitan srana ukara: "Sun anggegurit".
Geguritan iku kalebu puisi Jawa modhèrn, amarga ora kaiket ing aturan kayadéné tembang. Geguritan bisa karipta amarga ana ilham utawa inspirasi (angen-angen). Geguritan mujudaké karya kang sipaté pribadi, mula geguritan panganggit siji lan sijiné béda-béda. Angen-angen kang ana sajrone pikirane pengarang banjur diolah supaya dadi geguritan kaya kang dikarepaké panganggit. Kanthi mengkono, geguritan iku basane katon éndah, bisa migunakaké purwakanthi, dwipurwa, seselan lan liya-liyané.
  • Cekak yaiku ora wujud ukara sing nggladrah
  • Menthes yaiku tembunge duwe makna kang jero.
  • Endah ngemu purwakanthi swara, sastra utawa basa.
  • Tembungane pilihan

Wujud kasusastran

Minurut wujudé, kasusastran kuwi jinise ana telu, yaiku prosa (gancaran), geguritan lan drama (sandiwara). Kang mbédakake katelune yaiku wujudé. Kasusatran prosa utawa gancaran awujud paragraf, kasusastran geguritan kuwi awujud bait, lan kasusastra drama utawa sandiwara awujud dialog (pacelathon).

Tuladha wujud geguritan

Yen Rembulane Moblong, Paman
Dening I. Kunpriyatno
yen rembulane moblong, paman
aku kangen sanja menyang plataranmu
nggelar klasa sangisore wit gayam
jejadhuman karo ngematke swarane
bocah – bocah sing padha dolanan
yen rembulane moblong, paman
aku kangen ngrungokake gumelegere guyumu
sanadyan sawah lan tegal siji mbaka
siji ilang. Sanadyan anak lanang
milih ngumbara ing paran
suthik ngopeni lemah warisan
yen rembulane moblong, paman
aku kangen nyekseni marang keteguhanmu
nggegem sawijining kapitayan. Ngadhepi
owah – owahane jaman. Kaya watu karang
sing ora nate gigrig nantang jumlegure
alun ing satengahe wahudayan

0 komentar:

Posting Komentar