Paribasa lan saloka

Iki arupa dhaptar paribasa lan saloka basa Jawa (durung pepak) sing ditata urut abjad. Paribasan iku tetembungan utawa ukara] saèmper saloka nanging tegesé wantah, dudu pepindhan. Ana ing dhaptar iki paribasan lan saloka digabung dadi siji amrih luwih prasaja.

 
  • A

    Adang adang tetese embun, tegesé njagakke barang mung trima sak olèh-olèhé.
    Adigang, adigung, adiguna, tegesé, wong aja ngandhelaké kaluwihané dhéwé waé. Adigang iku tegesé: kakuwatané. Adigung iku tegesé: gedhéné. Adiguna iku tegesé: kapinterané.
    Agama ageming aji, tegesé agama dadi panuntun marang tingkah laku lan bisa ngatonaké sapa sejatining dhiri.
    Aja dumeh, tegesé sapa waé aja ngagungaké jabatan, kasudibyan, utawa kalungguhané. Upamané, aja sewenang-wenang. Dupèh wong sugih ngenyèk sing mlarat, dupèh wong pinter ngenyèk sing bodho, dupèh gagah utawa ayu ngenyèk sing èlèk. Wong urip kudu brayan karo liyan, ing ngarsaning Gusti Allah kabèh menungsa utawa barang sing urip liyanè padha waé.
    Aja golek wah, mengko dadi owah, tegesé aja mburu marang pandelenganing liyan utawa tumandang kang mung golèk pangaleman. Kabèh mau bisa njalari édan dhéwé.
    Aji godhong garing utawa aji godhong aking, tegesé wis ora ana ajiné babar pisan. Wong sing tumindak culika utawa cidra ing janji biasané banjur ora diajèni déning masarakat saubengé. Saking ora ana ajiné prasasat aji godhong garing.
    Ajining dhiri dumunung ana ing lathi, ajining raga ana ing busana, tegesé aji pamulyaning (kakurmataning) wong ana ing tutur pangucapé. Banjur aji pamulyaning sing njaba ana ing sandhangané sing dienggo.
    Alon-alon waton kelakon, tegesé wong iku ora usah kesusu. Yèn nglakokaké barang iku bisa alon-alon waé, angger kelakon. Yèn kesusu malah ora tekan ing panggonan sing dituju.
    Ambeg parama arta, tegesé ndhisikaké tugas kuwajiban sing utama. Dadi nduwèni rasa tanggung jawab sing dhuwur.
    Ana catur mungkur, tegesé ora gelem ngrungokaké rerasan kang ora becik. Ing ukara iki, tembung catur tegesé omongan utawa pirembugan.
    Ana dhaulate ora ana begjane, tegesé wis arep nemu kabegjan, nanging ora sida.
    Anak polah bapak kepradah, tegesé Kelakuané anak iku apa waé sing nanggung wong tuwané. Anak iku dadi tanggungjawab wong tuwané, kalebu kabèh tidak tanduk anak. Yèn ana tindak tanduk anak sing salah, wong tuwa mesthi mèlu-mèlu disalahké wong liya. Sewaliké nèk ana tindak tanduk anak sing apik/bener, wong tuwané biasané mèlu disanjung. Iku sebabé wong tua kudu ndhidhik putra-putriné sing bener, sing ora nyalahi aturan-aturan agama, tata krama lan liya-liyané.
    Angon mangsa, tegesé golèk wektu kang prayoga kanggo tumindak.
    Angon ulat ngumbar tangan, tegesé nyawang kahanan jalaran arep nyolong utawa tindak culika.
    Asu belang kalung wang, tegesé wong asor nanging sugih.
    Asu gedhe menang kerahe, tegesé wong gedhé lan nduwé panguwasa menang kuwasané.
    Asu marani gepuk utawa asu marani gebug, tegesé njarak marani bebaya.
    Asu rebutan balung, tegesé rebutan barang kang sepélé.
    Ati bengkong oleh oncong, tegesé wong sing nduwé niyat ala olèh dalan.

  • B

    Baladewa ilang gapite utawa Gatutkaca ilang gapité, tegesé wong kang ilang kaluhurané. Baladewa iku wayang sing gagah pideksa, nanging wayang yèn ilang gapité ora bisa dienggo déning dhalang. Gapit iku kayu utawa lulang penyu sing kanggo njepit wayang supaya bisa ditancepké ing debog lan bisa jejeg.
    Banyu pinerang, tegesé pasulayané sedulur mesthi énggal pulihé.
    Bathang lelaku, tegesé lelungan ngliwati panggonan sing mbebayani.
    Bathok bolu isi madu, tegesé Wong asor nanging sugih kapinteran.
    Becik ketitik, ala ketara, tegesé tumandang apa waé, mengko bakal bisa ketitik (dimangertèni) endi sing becik endi sing ala (ora becik). Paribasan iki uga asring dienggo kanggo ngelingaké supaya ora susah was sumelang yèn tumindak bener, amarga ala-beciké bakal dimangertèni utawa katon.
    Belo melu seton, tegesé bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepake.
    Bubuk olèh lèng, tegesé wong sing duwé niyat ala olèh dalan.
    Busuk ketekuk, pinter keblinger, tegesé sing bodho lan sing pinter padha-padha nemu cilaka.

  • C

    Canthing Jali iku tegesé wong kang wis ora bisa diisi menèh pikirané kanggo èlmu. Amarga uteké wis ora nyandhak. Utawa, wong bodho arep sinau ping bola-bali tetep ora bisa pinter.
    Cathok gawel iku tegesé ora diajak rembugan, nanging mèlu-mèlu ngrembug.
    Car-cor kaya kurang janganan iku paribasan sing tegesé ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik.
    Cebol nggayuh lintang, tegesé duwé kekarepan sing mokal bisa klakon.
    Cecak nguntal empyak, tegesé gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatané.
    Cedhak kebo gupak, ateges pawongan kudu bisa wicaksana anggoné kekancan. Kekancan karo wong sing kelakuané ala bakal katut ala. Paribasan liya sing maknané padha ya iku: Cedhak cèlèng boloten.
    Cincing-cincing meksa klebus ngemu teges karepé ngirid nanging malah entèk akèh
    Criwis cawis, tegesé tansah mbantah prentah nanging sumadya nindhakake.

  • D

    Dahwen ati open, tegese nacad ananging arep dimelik dhewe.
    Datan sisip salugut kolang-kaling pinara sasra
    Dhemit ora ndulit, setan ora doyan, tegese tansah ginanjar slamet, ora ana sing ngribedi.
    Desa mawa cara negara mawa tata, tegese saben panggonan duwe cara dhewe-dhewe.
    Diwehi ati ngrogoh rempela, tegese nyuwun wis diparingi sithik, nyuwun sing akeh.
    Dom sumuruping banyu, tegese laku samar utawa meneng-menengan.
    Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan, tegese sanajan wong liya yen ana ora kepenake melu ngrasaake.
    Dudutan lan aculan, tegese padha kethikan, sing siji api-api ora ngerti.
    Durung pecus keselak besus, tegese durung sembada wis kepingin sing ora-ora.

  • E

    Éman éman ora keduman iku karepé ngéman nanging malah ora keduman dhéwé.
    Emban cindhe emban siladan iku paribasa Jawa sing tegesé siji lan sijiné ora padha pangrengkuhé (ora adil).
    Embat-embat celarat ku tegesé nyambut gawé klawan ngati-ati banget.
    Emprit abuntut bedhug iku tegesé prakara sing sepélé dadi gedhé (padha karo Kriwikan dadi grojogan)
    Endhas gundhul dikepeti iku paribasan sing tegesé wis kepénak ditambahi luwih kepénak manèh.
    Enggon welut didoli udhet iku tegese panggoné wong pinter dipamèri kapinteran sing ora sepirowa
    Entek jaraké iku tegesé wis entèk kasugihané.
    Esuk dhele sore tempe iku paribasan sing tegesé méncla- ménclé.

  • G

    Gagak nganggo laring merak iku tegesé wong cilik tumindak kaya wong gedhé.
    Gajah alingan suket teki iku tegesé lair lan batin ora padha, mesthi bakal ketara.
    Gajah elar iku sarwa gedhé lan dhuwur kekarepané.
    Garang garing iku tegesé wong semugih nanging sabeneré kakurangan.
    Gupak pulute ora mangan nangkane iku tegesé mèlu rekasa nanging ora mèlu kepénak.
    Gegedhen empyak kurang cagak iku tegesé kegedhèn kekarepan nanging ora kuwawa nandangi.
    Golek uceng kelangan dheleg iku tegesé amarga kepingin antuk sing luwih aji malah kélangan apa sing wis diduwèni.

H

    Holopis kuntul baris

  • I

    Idu didilat maneh
    Idu geni.
    Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri andayani.
    Iwak lumebu wuwu

  • J

    Jajah desa milang kori
    Jalma angkara mati murka
    Jalma limpat seprapat tamat
    Jamur ing mangsa katiga
    Jaran kerubuhan empyak
    Jarit lawas ing sampiran
    Jer basuki mawa beya
    Jati ketlusuban luyung
    Jujul wuwul

  • K

    Kacang mangsa ninggal lanjaran
    Kadang konang
    Kalah cacak menang cacak
    Kandhang langit kemul mega
    Katon koyo cempaka sawakul
    Kaya banyu karo lenga
    Kebat kliwat gancang pincang
    Kebo bule mati setra
    Kebo ilang, tombok kandang
    Kebo kabotan sungu
    Kebo nusu gudel
    Kegedhen empyak kurang cagak
    Kelacak kepathak
    Kendel ngringkel, dhadhag ora godag
    Kependhem pakem
    Kesandung ing warata, kebentus ing atawang
    Kéré munggah balé
    Kutuk marani sunduk
    Kutuk nggendhong kemiri

  • L

    Lali karo barute
    Ladak kecengklak
    Lahang karoban manis
    Lambe setumang kari samerang
    Lanang kemangi
    Legan golek momongan
    Lumpuh ngideri jagad

  • M

    Maju tatu mundur ajur:
    Matang tuna numbak luput:
    Meneng widara uleran:
    Menthung koja kena sembagine:
    Merangi tatal: Mbalèni pakaryan kang wus rampung, tuladhané, guru mulang murid kanthi wulangan kang wus diparingaké guru liyané.
    Mikul dhuwur, mendhem jero:
    Mrojol selaning garu:
    Mulat sarira angrasa wani, rumangsa melu andarbeni, wajib melu angrukebi:

  • N

    Nabok nyilih tangan
    Nawu lintang
    Ngagar metu kawul
    Ngemut legining gula
    Nglungguhi klasa gumelar
    Nguyahi banyu segara
    Ngrusak pager ayu
    Ngundhuh wohing pakarti
    Nguthik uthik macan dhedhe
    Nucuk ngiberake
    Nututi layangan pedhot
    Nyangoni kawula minggat
    Nyunggi lumpang kentheng

  • O

    Obor blarak
    Opor bebek mentas awake dhewek
    Ora gonja ora unus
    Ora mambu enthong irus
    Ora ono banyu mili mendhuwur
    Ora ono kukus tanpa geni
    Ora tembung ora tawung
    Ora uwur ora sembur
    Othak athik gathuk
    Othak athik didudut angel

  • P

    Pakulinan iku kodrat sing kapindho.
    Palang mangan tanduran
    Pandhitane antake
    Pitik trondhol diumbar ing padaringan
    Pupur sak durunge benjut
    Pupur sawise benjut

  • R

    "Rawe-rawe rantas malang-malang putung
    Rebut balung tanpa isi: Regejegan perkara kang sepélé.
    Rindik asu digithik

  • S

    Sabaya pati, sabaya mukti
    Sadumuk bathuk, sanyari bumi
    Sandhing kebo gupak
    Sapa gawé nganggo
    Sapa sira sapa ingsun
    Sapa sing salah bakal séléh
    Sedhakep awe awe
    Sembur sembur adus, siram siram bayem
    Sepi ing pamrih rame ing gawe: Seneng tumindak becik marang wong liya tanpa ngarep-arep piwales.
    Sing bisa rumangsa, aja rumangsa bisa
    Sugih tanpa bandha, digdaya tanpa aji, nglurug tanpa bala, menang tanpa ngasorake
    Sumur golek timba

  • T

    Tega larane ora tega patine
    Tembang rawat-rawat, ujare bakul sinamberawa
    Timun jinara
    Timun mungsuh duren
    Timun wungkuk jaga imbuh
    Tinggal glanggang colong playu
    Tumbak cucukan
    Tumbu oleh tutup
    Tuna sathak bathi sanak
    Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati
    Tulung menthung

  • U

    Ubaya saksi.
    Ubut saksi.
    Udan gemblong omahe wong, udan gaplek omahe dhewe, meksa luwih becik ing omahe dhewe.
    Ulah semu.
    Ujaring wong pepasaran.
    Ula marani gebug.
    Ulangan cumbon.
    Ulat madhep ati arep.
    Ula-ula dawa.
    Undhaking pawarta sudaning kiriman.
    Undhaking pawarta sudaning titipan.
    Undha usuk.
    Ungak-ungak pager arang.
    Unjal angempan.
    Upaya prabeda.
    Upaya saksi.
    Urik klelet candhu tike.
    Urun rembug.
    Urun wudhu.
    Usung-usung lumbung.
    Utange nurut wulu.
    Utang lara nyaur lara, utang pati nyaur pati.
    Utang nyaur, nyilih ambalekake.
    Uwot gedebog.
    Uyah kecemplung segara.

  • W

    Wis kebak sundukane
    Witing tresna jalaran saka kulina
    Wiwit kuncung nganti gelung
    Wong legan golek momongan

  • Y

    Yitna yuwana lena kena
    Yiyidan mungging rampadan
    Yoga anyangga yogi
    Yuyu rumpung mbarong rongé

0 komentar:

Posting Komentar