Punakawan yaiku sebutan kanggo para pengasuhè pandawa ana ing dunia wayang. Punakawan biasanè metu nalikane wayah goro-goro. Punakawan dadi tokoh kang khas ana ing dunia wayang indinesia. Punakawan duwè karakter kang macem-macem. Punakawan biasanè metu nalikanè wayah goro-goro. Karakterè kaya penasihat para ksatria, penghibur, kritisi sosial, badut uga dadi pusatè kebenaran lan kebijakan. Ana ing wayang indonesia punakawan ana Semar, Gareng, Bagong, lan Petruk. Ana ing wayang bali karakter punakawan ana Malen lan Merdah (abdi saka Pandawa) lanan Delem lan Sangut (abdi saka Kurawa).
Peran Punakawan
Tembung Punakawan asale saka tembung pana kang ateges "paham", lan kawan kang ateges "kanca". Tegese yaiku para panakawan kuwi ora mung dadi tok, nanging uga bisa ngerteni apa kang dialami majikane. Kadang kala punakawan uga dadi penasihat para majikane kuwi. Sing dadi khase saka punakawan yaiku punakawan dadi dagelam ana ing tengah-tengah ing antarane cerita wayang.Tingkah laku lan omongane para punakawan mesti bisa gawe guyu sing nonton.
Tokoh Punakawan
Semar
Tembung Semar asale saka tembung samara kang tegese ghaib. Kyai Lurah Semar Badranaya yaiku tokoh pewayangan utama ana ing wayang jawa lan sunda.
Gareng
Gareng duwe teges pujaan utawane aleh saka muja.Nalagareng yaiku wong kang ora pinter omong. Apa kang diomongke kadang kala luput lan luput. Gareng iku lucu lan seneng gawe guyu. Ana ing lakon wayang gareng tau dadi ratu ana ing lakon Gareng Dadi Ratu.
Petruk
Tembung Petruk asale saka tembung fatruk kang duwe teges kang ninggalke. Petruk putra semar kang pasuryane manis karo eseme kang nyengsemake ati. Petruk uga pinter omong lan lucu. Gareng nyindir karo guyonane kang khas.
Bagong
Tembung Bagong asale saka tembung Bagho kang ateges seneng mbantah.Bagong iku ateges layangan saka semar. Bagong duwe sifat lancang dln seneng berlagak goblok lan bagong uga lucu.
0 komentar:
Posting Komentar