Purwakanthi

Purwakanthi utawa aliterasi iku unen-unen utawa ukara kang runtut basa utawa sastrane. Purwakanthi kang runtut basane jenenge purwakanthi basa, dene yen ing sastra sinebut purwakanthi sastra. Purwakanthi bisa awujud ukara lumrah, bisa uga ngemot paribasan, saloka, utawa tembang. Tuladhane:
  • Aja dumeh bagus terus kementhus.
  • Wong sabar bakal subur.
  • Kebat kliwat, gancang pincang.
  • Tulung menthung.
  • Yitna yuwana lena kena.
Purwakanthi miturut wujude kaperang dadi telu, yaiku :


A.Purwakanthi swara

Purwakanthi swara yaiku unen-unen kang runtut swarane (vokal) Tuladha:
  • Gemi setiti ngati-ati
  • Bungah susah iku lumrah
  • Desa mawa cara negara mawa tata
  • Aku lara paling para

B.Purwakanthi sastra

Purwakanthi sastra yaiku unen-unen kang runtut sastrane (kongsonan) Tuladha :
  • Tata titi Tatas titis
  • Cecer cicir cewet
  • Kala kula kelas kalih kula kulak kalo

C.Purwakanthi basa/lumaksita

Purwakanthi basa/lumaksita yaiku unen-unen kang kadhapuk saka rong gatra. Pungkasane gatra kapisan, dadi wiwitane gatra kapindho. Thuladha :
  • Jarwa pinter, pintere satriya ing pringgondani
  • Bayem arda, ardane ngrusak busana
  • Kolik priya, priyagung anjani putra

0 komentar:

Posting Komentar